Looking for Bahasa Jawa Kelas XII (Titya Fajriansyah, S.Pd.) test answers and solutions? Browse our comprehensive collection of verified answers for Bahasa Jawa Kelas XII (Titya Fajriansyah, S.Pd.) at elearning.smkn1kaligondang.sch.id.
Get instant access to accurate answers and detailed explanations for your course questions. Our community-driven platform helps students succeed!
Wacanen crita rakyat ing ngisor iki kanthi premati!
Setu Pahing
Banyumas jaman ganu esih kalebu wewengkon Wirasaba uga kebawah lan keprentah neng kerajaan Pajang, kasarane tlatah Banyumas uga kelebu jajahane Pajang. Bupati Wirasaba dijaluk supaya ngaturaken putrine kanggo dadi abdi pelara-lara. Mbuh tujuane apa sing baku angger ana bupati sing ora ngaturi upeti abdi pelara-lara, nggo istilah prawan sing dikersakaken Sultan, bakal olih pidana utawa ukuman. Kebeneran Bupati Wirasaba sing wektu kuwe nduwe asma Raden Bagus Suwarga kagungan putra papat cacahe yakuweloro lanang lan loro wadon. Anakwadon sing sulung didaupaken karo R. Jaka Kaiman sing mula bukani anane kabupaten Banyumas neng desa Kejawar, Banyumas. Putri sing sijine didaupaken kro putrane demang Toyareka jebul ora tau akur. Dadi banjur depegat,. Nanging miturut critane putri mau esih tetep prawan mula banjur putri maubali maring Wirasaba.
Kebeneran sarehing Bupati Wirasaba kudu ngaturaken abdi pelara-lara mula putrine mau sing wis dadi randa banjur diaturaken maring sultan Pajang. Wiwit kadadiyan kuwe wong Banyumas teksih ngugemi angger lunga neng dina setu pahing dadi pantangan. Amarga ana kang percaya menawa lunga ing dina setu pahing bakal kapesan.
Get Unlimited Answers To Exam Questions - Install Crowdly Extension Now!